Selasa, 04 Januari 2011

hanacaraka

Aksara Hanacaraka iku sawijining aksara sing kaanggo ing Tanah Jawa lan saubengé kaya ta ing Madura, Bali, Lombok lan uga Tatar Sundha. Aksara Hanacaraka iku uga diarani aksara Jawa nanging sajatiné ukara iki kurang sreg amarga aksara Jawa iku warnané akèh saliyané iku aksara iki ora mung dienggo nulis basa Jawa waé. Aksara iki uga dienggo nulis basa Sangskreta, basa Arab, basa Bali, basa Sundha, basa Madura, basa Sasak lan uga basa Melayu.
Nanging ing artikel iki ukara Hanacaraka lan aksara Jawa dienggo loro-loroné lan yèn ana ukara aksara Jawa sing dirujuk iku aksara Hancaraka.
Aksara Hanacaraka kagolong aksara jinis abugida utawa hibridha antara aksara silabik lan aksara alfabèt. Aksara silabik iki tegesé yèn saben aksara uga nyandhang sawijining swara. Hanacaraka kalebu kulawarga aksara Brahmi sing asalé saka Tanah Hindhustan. Déné wujudé, aksara Hanacaraka anané wis kaya saiki wiwit sa-ora-orané abad kaping 17. Aksara Hanacaraka iki jenengé dijupuk saka limang aksara wiwitané.

Aksara Hanacaraka jenenge dijupuk saka urutan limang aksara wiwitan iki sing uniné "hana caraka". Urutan dhasar aksara Jawa nglegena iki cacahé ana rongpuluh lan nglambangaké kabèh foném basa Jawa. Urutan aksara iki kaya mengkéné:

ha na ca ra ka
da ta sa wa la
pa dha ja ya nya
ma ga ba tha nga
Urutan iki uga bisa diwaca dadi ukara-ukara:
"Hana caraka" tegesé "Ana utusan"
"Data sawala" tegesé "Padha regejegan"
"Padha jayanya" tegesé "Padha digjayané"
"Maga bathanga" tegesé "Padha dadi bathang".
Urutan aksara iki digawé miturut legèndha yèn aksara Jawa iku diasta déning Aji Saka saka Tanah Hindhustan menyang Tanah Jawa. Banjur Aji Saka ngripta urutan aksara kaya mengkéné kanggo mèngeti panakawané; Dora lan Sembada, sing setya nganti mati. Loro-loroné mati amerga ora bisa mbuktèkaké dhawuhé sang ratu. Mula Aji Saka banjur nyiptakaké aksara Hanacaraka supaya bisa kanggo nulis layang.