Yogyakarta, 20 Januari 2011
Sungkem pangabekti kula
katur Bapak-Ibu Widiyatmaka
ing Yogyakarta
Nuwun, kanthi serat menika ngaturi priksa, bilih kula tansah ginanjar kawilujengan, pinaringan bagas kuwarasan, pikantuk berkah saking Gusti lan pangestu panjenengan. Mugi-mugi Bapak Ibu sekaliyan sarta adhik ing mriki inggih mekaten kawontenanipun.
Kejawi menaki keparenga kula matur, sarehning benjang wulan ngajeng menika sampun libur, kamangka sekolah badhe ngawontenaken pesantren kilat ing Jawa Timur tamggal 23 Juni 2011, pramila kula nyuwun boten saged wangsul dhateng Yogyakarta.
Wasana namung menika atur kula, menawi wonten ingkang kirang mranani penggalih lan sedaya kalepatan, kula nyuwun pangapunten. Sanget pangajeng-ajeng kula tumrap pangestuning panjenengan.
Matur nuwun.
Ingkang Putra
Putri Perdana
Tidak ada komentar:
Posting Komentar