Wayang iku pagelaran nganggo bonéka kang umumé katon éndah ing wewayangané lan dilakokaké déning dhalang kanthi iringan gamelan. Bonéka kasebut bisa kang awujud 2 dhimensi utawa awujud 3 dhimensi. Umumé, kang wujud 2 dhimensi, kagawé saka kulit (walulang), kang biyasané kulit sapi, utawa wedhus. Lan kang wujud 3 dhimensi, lumrah digawé saka kayu kang direnggani penganggo saka kain kang manéka warna adhedhasar karakter wayang kasebut. Nanging ing sawatara tlatah, uga ana kang gawé wayang saka suket, lan kerdhus, ananging wayang jinis ngéné iki ora pati akèh ditemoni. Manut ing kemajuane jaman, wus tinatah lan sinungging wayang kanthi ngginakaken media digital kanthi piranti empuk pangolah citra. Wayang kang tinatah lan sinungging kanthi media digital kasebat e-wayang.
Crita kang dilakonaké dijupuk saka épos Mahabharata lan Ramayana kang uga sinebut Wayang Purwa. Uga ana kang nggelar lakon crita-crita 1001 wengi saka tanah Arab. Wayang kang ngéné iki diarani Wayang Menak. Pagelaran iki misuwur ing tanah Jawa.
Ing pagelaran iku wayang ditanjepké ing debog ing sisih tengen lan kiwané dhalang. Ing tengah, critané digelar. Sedina sewengi lakon diwedhar.
Wayang iki ora mung sumebar ing Jawa waé, nanging uga ing tlatah liya ing Nuswantara. Pagelaran wayang wis diakoni déning UNESCO ing tanggal 7 November 2003, dadi karya kabudayan kang édi péni ing babagan crita dongéng lan warisan sing berharga banget
Kamis, 03 Maret 2011
mitos jawi
1. Manuk Prenjak Nitir :
Tiyang Jawi nduweni cara ingkang unik kangge ngertosi nek badhe wonten tamu, malah cara niki dianggep luwih canggih katimbang CCTV utawi radar, sebab saged memprediksi saking adoh-adoh dinten saderengipun koyo menapa tamu sik badhe rawuh, yaiku yen wonten manuk prenjak nitir ing ngajengipun griya.
Upami posisinipun manuk wonting ing ngajeng utawi ing sisih tengenipun griya, tandane arep wonten tamu istimewa sik mbeta kaapikan. Upami wonten ing kiwo utawi ing wingkingipun griya, tandane tamu niku mbeta ala.
2. Ngimpi Ketemu Ula:
Menawi ngimpi ketemu utawi malah dicokot ula tandane arep ketemu calon jodohipun, pacar, utawi idola.
3. Nabrak Kucing:
Menawi lagi lelungan banjur boten sengaja nabrak kucing bias ugi kita ngalami kacilakan wonten ing dalan.

Langganan:
Postingan (Atom)