1. Manuk Prenjak Nitir :
Tiyang Jawi nduweni cara ingkang unik kangge ngertosi nek badhe wonten tamu, malah cara niki dianggep luwih canggih katimbang CCTV utawi radar, sebab saged memprediksi saking adoh-adoh dinten saderengipun koyo menapa tamu sik badhe rawuh, yaiku yen wonten manuk prenjak nitir ing ngajengipun griya.
Upami posisinipun manuk wonting ing ngajeng utawi ing sisih tengenipun griya, tandane arep wonten tamu istimewa sik mbeta kaapikan. Upami wonten ing kiwo utawi ing wingkingipun griya, tandane tamu niku mbeta ala.
2. Ngimpi Ketemu Ula:
Menawi ngimpi ketemu utawi malah dicokot ula tandane arep ketemu calon jodohipun, pacar, utawi idola.
3. Nabrak Kucing:
Menawi lagi lelungan banjur boten sengaja nabrak kucing bias ugi kita ngalami kacilakan wonten ing dalan.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar