Wayang iku pagelaran nganggo bonéka kang umumé katon éndah ing wewayangané lan dilakokaké déning dhalang kanthi iringan gamelan. Bonéka kasebut bisa kang awujud 2 dhimensi utawa awujud 3 dhimensi. Umumé, kang wujud 2 dhimensi, kagawé saka kulit (walulang), kang biyasané kulit sapi, utawa wedhus. Lan kang wujud 3 dhimensi, lumrah digawé saka kayu kang direnggani penganggo saka kain kang manéka warna adhedhasar karakter wayang kasebut. Nanging ing sawatara tlatah, uga ana kang gawé wayang saka suket, lan kerdhus, ananging wayang jinis ngéné iki ora pati akèh ditemoni. Manut ing kemajuane jaman, wus tinatah lan sinungging wayang kanthi ngginakaken media digital kanthi piranti empuk pangolah citra. Wayang kang tinatah lan sinungging kanthi media digital kasebat e-wayang.
Crita kang dilakonaké dijupuk saka épos Mahabharata lan Ramayana kang uga sinebut Wayang Purwa. Uga ana kang nggelar lakon crita-crita 1001 wengi saka tanah Arab. Wayang kang ngéné iki diarani Wayang Menak. Pagelaran iki misuwur ing tanah Jawa.
Ing pagelaran iku wayang ditanjepké ing debog ing sisih tengen lan kiwané dhalang. Ing tengah, critané digelar. Sedina sewengi lakon diwedhar.
Wayang iki ora mung sumebar ing Jawa waé, nanging uga ing tlatah liya ing Nuswantara. Pagelaran wayang wis diakoni déning UNESCO ing tanggal 7 November 2003, dadi karya kabudayan kang édi péni ing babagan crita dongéng lan warisan sing berharga banget
Kamis, 03 Maret 2011
mitos jawi
1. Manuk Prenjak Nitir :
Tiyang Jawi nduweni cara ingkang unik kangge ngertosi nek badhe wonten tamu, malah cara niki dianggep luwih canggih katimbang CCTV utawi radar, sebab saged memprediksi saking adoh-adoh dinten saderengipun koyo menapa tamu sik badhe rawuh, yaiku yen wonten manuk prenjak nitir ing ngajengipun griya.
Upami posisinipun manuk wonting ing ngajeng utawi ing sisih tengenipun griya, tandane arep wonten tamu istimewa sik mbeta kaapikan. Upami wonten ing kiwo utawi ing wingkingipun griya, tandane tamu niku mbeta ala.
2. Ngimpi Ketemu Ula:
Menawi ngimpi ketemu utawi malah dicokot ula tandane arep ketemu calon jodohipun, pacar, utawi idola.
3. Nabrak Kucing:
Menawi lagi lelungan banjur boten sengaja nabrak kucing bias ugi kita ngalami kacilakan wonten ing dalan.

Sabtu, 19 Februari 2011
SEKAR MACAPAT
DHAHARAN TRADHISIONAL
Yogyakarta kutha edipeni,
wus kawentar wiwit duk samana,
ngengingi dhedhaharane,
nyamikan saha lawuh,
saka Sleman gandhos kang asli,
yen Bantul iku geplak,
gcaplek Gunung Kidul,
gebleg Kulon Progo ana,
gudhege saka Yogya rasane legi,
mangga dipunraosna.
SERAT PRAJANJEN
Bantul, 20 Januari 2011
PRAJANJEN
Ingkang tapak asma ing ngandhap menika:
Nami : Putri Perdana
Padamelan : Pegawai Negeri Sipil
Alamat : Sonopakis Lor Rt 04 No. 299 Ngestiharjo, Kasihan, Bantul
Minangka pihak I
Damel prajanjen kaliyan:
Nami : Ari Saputro
Padamelan : Wiraswata
Padamelan : Wiraswata
Minangka pihak II
Pihak I kaliyan pihak II ngawontenaken prajanjen ingkang isinipun:
- Griya img Perumahan Jati Mas no.9 Bantul dipuntumbas pihak II kanthi regi Rp 150.000.000,00 (satus seket yuta rupiah).
- Nalika tanggal 20 Januari 2011, Pihak II nembe mbayar dhateng pihak I kathahipun Rp 100.000.000,00 (satus yuta rupiah), dene kekirangan badhe dipuncicil dangunipun sewulan, wiwit tanggal 20 Januari 2011 ngantos 20 Pebruari 2011.
- Manawi wonten prakawis ingkang dumados sadangunipun wekdal prajanjen, badhe karampungaken kanthi pasedherekan.
Kula
Pihak II Pihak I
Ari Saputro Putri Perdana
Seksi
1. Ardiana Hutagalung 2. L. Patjidto
LAYANG PRIBADI
Yogyakarta, 20 Januari 2011
Sungkem pangabekti kula
katur Bapak-Ibu Widiyatmaka
ing Yogyakarta
Nuwun, kanthi serat menika ngaturi priksa, bilih kula tansah ginanjar kawilujengan, pinaringan bagas kuwarasan, pikantuk berkah saking Gusti lan pangestu panjenengan. Mugi-mugi Bapak Ibu sekaliyan sarta adhik ing mriki inggih mekaten kawontenanipun.
Kejawi menaki keparenga kula matur, sarehning benjang wulan ngajeng menika sampun libur, kamangka sekolah badhe ngawontenaken pesantren kilat ing Jawa Timur tamggal 23 Juni 2011, pramila kula nyuwun boten saged wangsul dhateng Yogyakarta.
Wasana namung menika atur kula, menawi wonten ingkang kirang mranani penggalih lan sedaya kalepatan, kula nyuwun pangapunten. Sanget pangajeng-ajeng kula tumrap pangestuning panjenengan.
Matur nuwun.
Ingkang Putra
Putri Perdana
Selasa, 04 Januari 2011
hanacaraka
Aksara Hanacaraka iku sawijining aksara sing kaanggo ing Tanah Jawa lan saubengé kaya ta ing Madura, Bali, Lombok lan uga Tatar Sundha. Aksara Hanacaraka iku uga diarani aksara Jawa nanging sajatiné ukara iki kurang sreg amarga aksara Jawa iku warnané akèh saliyané iku aksara iki ora mung dienggo nulis basa Jawa waé. Aksara iki uga dienggo nulis basa Sangskreta, basa Arab, basa Bali, basa Sundha, basa Madura, basa Sasak lan uga basa Melayu.
Nanging ing artikel iki ukara Hanacaraka lan aksara Jawa dienggo loro-loroné lan yèn ana ukara aksara Jawa sing dirujuk iku aksara Hancaraka.
Aksara Hanacaraka kagolong aksara jinis abugida utawa hibridha antara aksara silabik lan aksara alfabèt. Aksara silabik iki tegesé yèn saben aksara uga nyandhang sawijining swara. Hanacaraka kalebu kulawarga aksara Brahmi sing asalé saka Tanah Hindhustan. Déné wujudé, aksara Hanacaraka anané wis kaya saiki wiwit sa-ora-orané abad kaping 17. Aksara Hanacaraka iki jenengé dijupuk saka limang aksara wiwitané.
Aksara Hanacaraka jenenge dijupuk saka urutan limang aksara wiwitan iki sing uniné "hana caraka". Urutan dhasar aksara Jawa nglegena iki cacahé ana rongpuluh lan nglambangaké kabèh foném basa Jawa. Urutan aksara iki kaya mengkéné:

- ha na ca ra ka
- da ta sa wa la
- pa dha ja ya nya
- ma ga ba tha nga
- "Hana caraka" tegesé "Ana utusan"
- "Data sawala" tegesé "Padha regejegan"
- "Padha jayanya" tegesé "Padha digjayané"
- "Maga bathanga" tegesé "Padha dadi bathang".
Langganan:
Postingan (Atom)