Jumat, 13 Agustus 2010
busana tradisional jawi
BUSANA JAWA (Makna Engkang Tersirat Wontening Busana Tradisional Jawi Lengkap)
Busana adat Jawa engkang biasa disebut busana kejawen gadah perlambang kagem tiyang Jawi. Busana Jawi kathah kalian piwulang sinandhi ingkang kedah isinipun ajaran Jawi. Wontening busana Jawa sakmeniko nyirataken ajaran kagem nglaksanakaken punopo kemawon ing donyo sakmenika ngagem cara harmoni ingkang kaitanipun kalian aktivitas tiap dinten, nggih kalian hubungan kalian sesama menungso, awakipun piyambak utawis Gusti Engkang Maha Kuwaos.
Klambi adat ingkang di agem wontening mustoko inggih menika iket, udheng : wontening awak wonten rasukan: jarik sabuk, epek, timang,ingkang mburi awak wonten keris lan ingkang bagian sikil ngagem canela.
Tutup mustoko kagem tiyang jawi kuno biasane ngagem “iket” inggih meniko iket mustoko ingkang dibentuk sedemikian rupa dados iket. Ngagem iket kedah kados kenceng supados iketipun mboten gampil copot utawi lepas. Makna iket inggih meniko menungso sakyogyane gadhah pemikiran ingkang kenceng, mboten gampang terombang-ambing ingkang disebabake situasi atawis tiyang liyo tanpa pertimbangan ingkang mateng. Ingkang sami penggunaanipun inggih meniko udheng, diagem ing bagian mustoko ingkang adicoro ingkang ngagem sami kalian topi. Mbok menawi sampun diagem ing mustoko, iket kalian udheng susah dibedakaken sebab ujud lan fungsine sami. Udheng saking kata kerja Mudheng atawi mangertos ingkang jelas, faham. Maksud'ipun supados menungso gadah pemikiran ingkang kukuh, mangertos lan paham tujuan hidup kalian kehidupan atawis sangkan paraning dumadi. Udheng kedah gadhah artos menungso kedah gadhah ketrampilan lan saget ngalokake padamelane ingkang dasare pengetahuan ingkang mantep atawis mudheng. Utawis saget diartosaken hendaklah menungso gadhah ketrampilan ingkang profesional.
Klambi kejawen koyoto beskap kedah mesti dilengkapi benik ing kiwo lan tengen. Lambang ingkang tersirat ing benik menika supados tiyang jawi wontening nglakokaken kabeh tindakan padamelan punopo kemawon supados diniknik, di itung ngagem cara cermat. Segala sesuatu ingkang kedah dilakokaken mboten ngantos ngrugekne tiyang sanes, kedah saget njogo antara kepentingan pribadi kalian kepentingan umum.
Sabuk di agem diubetne ing awak. Ajaran ingkang tersirat saking sabuk tersebut inggih meniko kita mesti bersedia kanggo tekun berkarya guno menuhi kebutuhan urip. menungso kedah saget ubed kalian mboten pareng kerjane mboten gadhah kasil atawis buk.
Ukoro sabuk berarti usahakne kabeh ingkang kita tindakne mboten ngebukne. Dados kedah mesti ubed atawi gigih.
Epek kagem tiyang jawi nggadahi artos saget makaryo ingkang sae, ingkang mesti epek (golek) pengetahuan ingkang migunani.
Sakwene menempuh ilmu upayakne ingkang tekun, teliti kalian cermat dados saget mangertos ingkang jelas. Timang nggadahi makna mbokbilih ilmu ingkang di entukne kedah saget dipahami ingkang jelas atawi gamblang, mboten wonten raso samang, samang dijipuk saking ukoro timang.
Jarik atawi sinjang inggih meniko kain ingkang di agem kangge nutup awak saking pinggang ngantos mata kaki.
Jarik nggadahi makna aja gampang serik. Serik nanggepi tiap masalah.ingkang mesti ngantos-antos, mboten pareng grusa-grusu.
Wiru Jarik atawis kain diagem ngagem cara ngwiru pinggiran ingkang vertikal atawi setunggal sisi sedemikian rupa.
Wiru atawi wiron dijipuk ngagem cara nglipet-lipet (ngwiru). Sakmeniko nggadahi pengertian jarik mboten saget lepas saking wiru, dimaksudke wiwiren aja nganti kleru, lakokne segala hal mboten ngantos keliru supados saget numbuhaken suasana ingkang nyenangke lan harmonis.
Bebed inggih meniko kain (jarik) ingkang diagem kalian tiyang jaler koyoning wontening tiyang setri, bebed artosipun menungso kedah kados ubed,rajin ing makaryo, ngantos-antos ing sedoyo hal ingkang dilakokaken lan tumindak nggubed ing rina wengi.
Canela nggadahi makna Canthelna jroning nala, canela sami artosipun Cripu, Selop, atawis sandal. Canela di agem ing sikil, artosipun ingkang nyembah kalian Gusti Engkang Maha Kuwaos, kita kedah kados saking lahir ngntos batin sujud atawis manembah ing kaki- NYA. Wontening ati kedah kados sumeleh kepada kekuasaan Tuhan Engkang Maha Kuwaos.
Curiga lan warangka Curiga atawi keris berujud wilahan, bilahan lan di agem ing jeroning warangka atawi wadahe. Curiga di agem ing bagian mburi awak. Keris sakmeniko nggadahi pralambang keris sekaligus warangka,koyo dene menungso dados ciptaan lan penciptane inggih meniko Allah Engkang Maha Kuwaos, manunggaling kawula Gusti. Diletakkaken ing mburi awak,keris nggadahi makna wontening nyembah Tuhan menungso kedah saget ngungkurake godhaning setan ingkang senantiasa ngganggu menungso menawi menungso badhe nindakaken kabecikan.
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar