Tari Topeng, Kesenian menika inggih menika kesenian asli saking daerah Cirebon, termasuk Indramayu kalian Jatibarang. Tari topeng inggih menika salah satunggaling tarian ing tatar Parahyangan. Disebut tari topeng, dipun sebabne penari ngagem topeng ing wektu nari. Tari topeng menika piyambak kathah sanget maceme, lan ngalami perkembangan wontening hal gerakan, kalian uga cerito ingkang dipun pengen sampekne. Kadang tari topeng menika dimainke kalian saru penari tarian solo, atawi saget dimainkan kalian tiyang bebarengan. Salah satunggaling jenis sanesipun tari topeng inggih menika tari topeng kelana kencana wungu, ingkang merupakan rangkaian tari topeng gaya Parahyangan ingkang nyeritakakaen ratu Kencana wungu ingkang dioyak-oyak kalian prabu Minakjingga ingkang kedanan kalian putri.
Ananging dasare masing-masing topeng ingkang makili masing-masing karakter nggambaraken perwatakan menungso.
Kencana Wungu, ngagem topeng warna biru, makili karakter ingkang lincah nanging anggun.
Minakjingga ngagem topeng werna abang makili karakter ingkang berangasan, tempramental lan mboten sabaran.
Tarian menika karya Nugraha Soeradiredja. Gerakan tangan lan awak ingkang gemulai, kalian iringan musik ingkang didominasi kendang lan rebab, inggih menika ciri khas sanesipun saking tari topeng.
Kesenian Tari Topeng menika taksih eksis dipun pelajari wontening sanggar-sanggar tari ingkang wonten, lan taksih kerep dipun pentasaken wontening acara-acara resmi daerah, atawinipun wontening titimongso tradisional ing daerah sanesipun.
Salah satunggaling maestro tari topeng inggih menika Mimi Rasinah, ingkang aktif nari lan ngajar kesenian Tari Topeng wonten sanggar Tari Topeng Mimi Rasinah ingkang wonteng ing tlatah desa Pekandangan, Indramayu.
Sampun dipun wiwiti tahun 2006 Mimi Rasinah nggadahi penyakit lumpuh, ananging taksih tetep semangat kangge pentas, nari lan ngajar tari topeng ngantos akhir uripe, Mimi Rasinah wafat ing bulan Agustus 2010 wonten usia 80 tahun.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar