Kamis, 12 Agustus 2010

sekaten

Sekaten

Sekaten atawi upacara Sekaten (saking ukoro Syahadatain) inggih menika acara peringatan ulang tahun nabi Muhammad s.a.w. ingkang digelar ing tiap tanggal 5 bulan Jawa Mulud (Rabiul awal taun Hijrah) ing alun-alun lor Yogyakarta (lan uga ing alun-alun Surakarta bebarengan).

Upacara meniko sejarahe diagem kalian Sultan Hamengkubuwana I, pendiri keraton Yogyakarta kangge ngundang masyarakat tumut serta lan supados agamanipun dados Islam.

Ing dinten kaping pisan, upacara diawali ing wanci ndalu ngagem iring-iringan abdi Dalem bebarengan kalian kaleh set gamelan Jawa: Kyai Nogowilogo lan Kyai Gunturmadu. Iring-iringan menika dipun wiwiti saking pendopo Ponconiti dateng masjid Agung ing alun-alun lor ingkang dikawal kalian prajurit Kraton.
Kyai Nogowilogo menika dipun letakne ing sisi lor saking masjid Agung, lan Kyai Gunturmadu dipun letakne ing Pagongan sebelah kidul masjid.
Kaleh set gamelan menika lajeng dimainke kanti bebarengan ngantos tanggal 11 sasi Mulud suwene 7 dinten berturut-turut.
Wonten ndalu terakhir, gamelan kaleh wau lajeng dibeto wangsul dateng njero Kraton.

Grebeg Muludan Acara puncak peringatan Sekaten menika ditandai ngagem Grebeg Muludan ingkang diadakakaken ing tanggal 12 rabiul awal dipun wiwiti jam 8:00 enjang.
Ngagem kawalan 10 macem (bregodo/kompi) prajurit Kraton: Wirobrojo, Daeng, Patangpuluh, Jogokaryo, Prawirotomo, Nyutro, Ketanggung, Mantrijero, Surokarso, lan Bugis, Gunungan ingkang dipun damel saking beras ketan, panganan kalian buah-buahan lan sayur-sayuran lajeng dibeto saking istana Kemandungan nglewati Sitihinggil lan Pagelaran dumugi masjid Agung.
Sak sampunipun diwacakne do'a Gunungan ingkang nglambangke kesejahteraan kerajaan Mataram menika dibagi kagem masyarakat ingkang nganggep bagian saking Gunungan menika kados nggadahi berkah kagem masyarakat.

Bagian Gunungan ingkang dianggep sakral menika lajeng dibeto wangsul lan dipun tandur wontening sawah/ladang supados ladang dados subur lan bebas saking punopo kemawon macam bencana lan malapetaka.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar